Selasa, 13 September 2022
Nurhayati, siswi kelas XI OTKP 1 SMK N 1 Pengasih pikantuk juara 3 wonten ing Lomba Bahasa lan Sastra 2022 ingkang dipunwontenaken dening Kundha Kabudayan DIY.
Lomba menika dipunwontenaken ing dinten Selasa, 13 September 2022 kanthi live streaming ing alamat (https://youtu.be/ri8Wr8k2wxs) wonten ing Pendhapa Kundha Kabudayaan DIY.
Pasarta lomba sedaya wonten 15 saking 5 kabupaten ing DIY.
Nurhayati minangka salah satunggal perwakilan pasarta lomba saking Kabupaten Kulonprogo, ingkang saderengipun sampun ndherek seleksi ing tingkat Kabupaten lan pikantuk juara 2.
Ndherek bingah kagem para juara, mugi-mugi dados pecuting lampah lan semangat nggayuh prestasi.



More Stories
Berita Kegiatan Kirab Budaya SMKN 1 Pengasih
SMKN 1 Pengasih Gelar Senam Anak Indonesia Hebat Setiap Jumat Pagi
Upacara Hari Pramuka SMK Negeri 1 Pengasih