Info Sekolah
Sabtu, 27 Jul 2024
  • Tema Mading dapat menampilkan informasi dalam text berjalan
  • Tema Mading dapat menampilkan informasi dalam text berjalan
21 September 2022

SMK N 1 Pengasih Ndherek Nyengkuyung Lomba Bahasa lan Sastra ingkang Dipunwontenaken dening Kundha Kabudayan Kabupaten Kulonprogo

Rab, 21 September 2022 Dibaca 178x Berita Terbaru

Ing warsa 2022 menika, kados adat sabenipun SMK N 1 Pengasih ndherek lomba Bahasa lan Sastra ingkang dipunwontenaken dening Kundha Kabudayan Kabupaten Kulonprogo. Lomba menika rutin dipunwontenaken ing saben warsa (agenda tahunan). SMK N 1 Pengasih nyengkuyung kanthi ndherek maneka warni lomba, ing antawisipun lomba macapat, maca geguritan, maca cerkak, pranatacara, sesorah saha nyerat aksara Jawa. Ing warsa menika, lomba dipunwontenaken saking tanggal 4 dumugi 23 Juli 2022 kanthi cara daring. Saking 7 cabang lomba, wonten 6 siswi SMK N 1 Pengasih ingkang pikantuk juara ing 5 cabang lomba.

Para juara lomba saha cabang lomba ing antawisipun :

  1. Juara 1 Lomba Macapat tataran SMA/SMK : Siska Puspita Dewi saking kelas XI OTKP 2
  2. Juara Harapan 1 Lomba Macapat tataran SMA/SMK : Putri Lestya Sahestu saking kelas X AKL 1
  3. Juara 1 Sesorah tataran SMA/SMK : Putri Yauis Solekhah saking kelas XI AKL 2
  4. Juara 2 Maca Geguritan tataran SMA/SMK : Nurhayati saking kelas XI OTKP 1
  5. Juara Harapan 2 Pranatacara tataran SMA/ SMK : Setiya saking kelas XI AKL 2
  6. Juara Harapan 1 Maca Cerkak tataran SMA/SMK : Dwi Yuli Astuti saking kelas XI AKL 2.

Ingkang pikantuk juara 1 dumugi 3 ing tembe badhe dados wakil saking Kulonprogo kangge majeng ing lomba Bahasa lan Sastra tingkat Provinsi wonten ing Kundha Kabudayan DIY.

Ndherek bingah kangge para juara, mugi-mugi dados pecuting lampah kangge tambahing semangat nggayuh prestasi.

Artikel ini memiliki

1 Komentar

Selamat untuk para siswa dan guru pembimbingnya… SMKN 1 Pengasih menyabet banyak juara untuk Lomba Bahasa dan Sastra
Semoga di tahun berikutnya bisa meningkat.. semakin Jaya

Mungkin bisa ditambah postingan untuk dokumentasi pada saat pelaksanaan lomba . Bisa berupa foto atau video.

Tinggalkan Komentar